BABAD
BUMIAYU
Iki dimula mangkate Raden Mas
Rangsang sing nduweni gelar Panembahan Agung Senopati Ing Alaga Ngabdurrahman
utawa sing biasa dijenengi Sultan Agung Hanyakrakusuma. Piyambake mangkat saka
Mataram ing tahun 1645, patang tahun sawise naklukna Blambangan ing 1939. Mula
Pangeran Arum dipilih dadi pemimpin Mataram lan nduweni gelar Sunan Amangkurat
I. Sang pangeran akhire milih kabur nggo nyelamatake diri saka papecahan ning
ndi – ndi sing ditimbulna dening VOC. Kacerita dalan sing arep diliwati iku
Kedu-Banyumas-Tegal.
Sunan Amangkurat I lan balane melebu kasejroning
desa Daha, ning kono rombongan mau olih masalah sing nggawe jaran sing
ditumpaki mati langka sebab. Sunan dadi gusar, kalewih Kyai Pancurawis sing
ngerasakna batine perek banget karo jaran mau. Balane uga ilang ora nana bekas.
Sunan dadi ngrasa nek piyambake ora bisa ngakokna amanat sing ana. Saiki Sultan
wis ora ndueni sapa – sapa selain Allah SWT lan bala – balane sing esih nugoni
piyambake.
Kyai Pancurawis bener – bener ngerasakake duka yayah
sinipi, banjur nyuwun pamit karo Sunan Amangkurat I kanggo tetep ing Karangjati
nganti mati, nedyane nggo ngrumat kuburan jaran mau.
Sunan banjur ora nduweni semangat malih. Dideleng
daerah ning sekitare. Gunung Slamet keton duwur banget lan bukit – bukit ning
sampinge sing mbatiri kaprakarsaane. Uga lereng sing ana ning nggon sawah, ayu
banget. Wilayah sing esih nduwene pamerintahan Mataram, lan masyarakate sing gemah
ripah loh jinawi. Iki nggawe Sunan pengin njenengi wilyah kue “Bumiayu”.
Uga ning Bumiayu Sunan ketemu karo garwane. Dipereki
nanging sosok mau ilang. Krungu suara kaya pitutur nggo Sunan supaya lewih
raket maning karo Gusti Allah. Nggo nglakokna kue piyambake kudu mlaku terus
menyang utara udu barat.
Ning ngisor wit beringin gede piyambake nunduk lese
mbari nggo renungan. Nggon mau saiki dijenengi Dukuh Kramat sing ning njerone
ana Candi Kramat sing diprecaya anggone Nyai Rantasari. Manut cerita Sunan
ngaweh aran Bumiayu kasebab dianggoni dening Nyai Rantasari sing nduweni paras
ayu langka tanding.
Kapetik saka :
http//badramandrawata.blogspot.com
0 komentar:
Posting Komentar