Assalamu’alaikum wr.wb.
Sugeng enjing,
pripun kabare kanca-kanca? Kula sedaya saking sanggar “Mini Tani” badhe
nampilaken drama ingkang judul “Musuh Dadi Batir”. Sedurunge nampilna drama,
kula badhe ngenalaken pemaine yaiku :
1.
Dini astuti dadi diroh
2.
Gita nindie astuti dadi dawen
3.
Novia ida farikha dadi nasem
4.
Gigih ivan m.v dadi dawir
5.
Masruri d.r dadi guru BK (pak kusnu)
6.
Ifadah dadi eneng
Pengin ngerti ora
critane? Mayuh simak bae critane...
ADEGAN 1
Narator : (pas dina
rebo, ana bocah anyar neng IX D sing jenenge putra. Putra kue bocah culun sing
dolane karo ika bae. Leta, vita, karo luna kue bocah wadon telu sing gawe geng.
Bocah telu kue seneng banget nek kon njaili bocah. Pengin ngerti critane? Simak
bae mayuh critane. )
Dawen : ehh, ana
bocah anyar kaeh, jaili bae yuh..
Diroh : ayuh !! kapan?
nasem : mengko bae nek
istirahat. Nek putra tes jajan.
Dawen : sipp oke
!!
ADEGAN 2
(bel istirahat wis moni.)
dawir : maeme neng kelas
bae yuh .
eneng : ayuh.
dawen : eh kae putra karo
ika teka kaeh.
nasem : pancal bae
pancal.
dawir : aduuhh..!
diroh : ness jujur
ngidin !!
diroh, nasem, dawen : hahahahahaaa ....
eneng : ngpa sih ko pada?
Jail banget dadi bocah !!
dawen : kepriwe emang?
Ora trima apa ko hah?!
eneng : ora trima nyong!
Ko jaili putra sekarepe ko!
dawen : heh, nyong ora
due masalah karo ko yah! Ko ora usah melu-melu!
eneng : tapi ko aja
sekarepe dewek kaya kie maring putra!
dawen : berarti ko ora
seneng nek nyong njaili dawir? Apa pengin ko nasibe kaya dawir?
eneng : wis lah wir, aja
diurusi bocah kaya kue. Mending dewek lunga sekang ngene.
Diroh : wah, gawe masalah
bae kae bocah. Dewek urung rampung ngomong wis lunga disit.
nasem: tenang bae, nyong wis ana ide nggo njaili dawir karo
eneng.
Dawen : apa
idene ko sem?
nasem: mending dawir karo eneng kunci bae neng gudang.
Diroh : sip kueh idene ko
sem!
(bel mlebu moni)
Dawen : wis bel
kaeh, mlebu yuh.
Nasem: ayuh..
ADEGAN 3
(bel bali moni)
Eneng : wir, bali bareng
yuh.
Dawir : ayuhh..
Diroh : eh, dawir karo
eneng wis metu kaeh.
(dawen nyeluki dawir karo eneng)
Dawen : dawir!
Eneng! Ngeneh..
Dawir : ana apa ?
Dawen : ko
deprentah kon njikot buku sing lawas neng perpustakaan.
Dawir : diprentah sapa?
Dawen : ya neng
petugas perpustakaan yah!
Dawir : siki?
Dawen : taun
ngarep!! Ya siki yah!!
Eneng : ya wis yuh wir
maring perpustakaan.
(dawir karo eneng maring perpus nggoleti buku lawas)
Dawir : heh, dengeng
lawange dekunci kieh?
Eneng : mesti neng bocah
jail sing ngunci.
ADEGAN 4
(ngesuke dawen, diroh, nasem diceluk neng guru BK)
Diroh : ana apa yah
deneng dewek di celuk BK?
Nasem: mbuh leh, ana apa yah?
Diroh : aduh, mesti ana
apa-apane geh, kepriwe kieh?
Dawen : tenang
bae lah, maring BK bae disit mbok menawane dewek olih prestasi.
Nasem: ya ayuh lah cepet.
(bocah telu kue maring BK)
BK : daawen, diroh,
nasem, ko sing ngunci dawir karo eneng neng gudang? Wingi bapak sing ngetokna
dawir karo eneng. Jere dawir karo eneng ko kabeh sing ngunci?
Diroh : nggih pak, niku
leres.
BK : deneng ko bisa
kaya kue maring bocah anyar? Kudune bocah anyar kue dibatiri aja dimusuih!
Nasem: nggih pak kula sedaya nyesel pak.
BK : ya wis ko bocah
telu njaluk ngapura maring dawir karo eneng !
Dawen : nggih
pak.
ADEGAN 5
Dawen : dawir,
eneng, nyong njaluk ngapura ya maring ko kabeh.
Diroh : nyong ya njaluk
ngapura ya.
Nasem: nyong ya iya njaluk ngapura.
Dawir : ya wis, tek
ngapurani tapi janji ya ora ngulangi maning?
Dawen,diroh,nasem : iya
dewek janji.
Dawir : mending dewek
siki batiran.
Dawen : ide apik
kueh..
Dawir : bearti dewek siki
batiran?
Dawen,diroh,nasem : ya
iya lahhh...
Eneng : nek kawit ganu
batiran kaya kie sih ngpa yah..
Dawir : iya, kan asik
daripada musuhan.
Nasem: iya yah, nek kawit ganu sih yah..
Dawen: nyong be ya pengine kawit ganu tapi kan sifat jaili
dewek sing gawe dewek akeh musuh.
Diroh : ya wis lah, ora
usah diungkit-ungkit masalah sing wis keliwat. Sing penting dewek wis batiran.
Tapi yong pengine dewek aja kur batiran tok, nyong pengine dewek sahabatan
selawase. Langka maning sing jenenge musuh.
Dawir : iya nyong pengin
dewek dadi sahabat sholid.
Nasem: nyong juga pengin dewek saling peduli. nek ana bocah
sing nangis, dewek menghibur kon dadi seneng.
Dawen : nek lagi
seneng, dewek ya ngrasani bareng-bareng.
Dawir : ya bener kueh !
(karo mesem)
(akhire bocah lima kue dadi sahabat sing dijenengi “lima
sekawan”)
Cekap sementen
drama saking sanggar “Mini Tani” . amanat ingkang saged dipendet saking cerita
kasebut yaiku :
1.
Ampun dados musuh marang kanca.
2.
Ampun jail marang kanca.
3.
Langkung sae sahabatan daripada musuhan.
Mbok bilih wonten kelepatan kula sedaya nyuwun ngapunten.
Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum wr.wb.
0 komentar:
Posting Komentar