Tampilkan postingan dengan label JAWA. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label JAWA. Tampilkan semua postingan

Kamis, 29 Januari 2015

kultum bahasa jawa



            Assalamu’alaikum wr.wb.



Bapak/ibu guru dewan juri ingkang kawula hormati.
Lan kanca-kanca ingkang kawula tresnani
            Kaping setunggal mangga kita sareng-sareng manjataken puji syukur dumateng Gusti Allah SWT. Ingkang sampun maringi kenikmatan lan kesehatan sehingga kita saged kempal ing wekdal punika. Sholawat soho salam mugi-mugi konjuk dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW. ingkang sampun mbekto kita saking jaman jahiliyah datheng jaman ingkang terang benderang punika.
Teng mriki kawula badhe ngaturaken kultum ingkang judul keutamaan sinau utawi keutamaan mencari ilmu.
Sairing mlampahipun wanci, dinten nggantos minggu, wulan nggantos taun. Perkembangan menungsa kathah ngalami ewah-ewahan ingkang dipun dukung kalian kemajengan seserepan uga teknologi ingkang mutakhir sanget. Menungsa gampil sanget saget ngebaki uga mujudaken supenanipun kaliyan ngginakaken kemajengan ilmu pengetahuan.
Kanca-kanca sedaya ingkang di rahmati allah..
Sampun kita mangertosi billih wonten agami islam ilmu punika sanget migunakaken kados kasebat ing lebet Al-Qur’an Al-Mujadalah ayat 11:
“Bismillahirrahmanir rahiim. Yarfa’illaahul ladziina aamanuu mingkum walladziina uutul ‘ilma darojaat. Wallohu bimaa ta’maluuna khobiir”
“Gusti Allah badhe ngalenggahan tiyang-tiyang ingkang ngapitadosan saking siro uga tiyang ingkang dipunsukani ilmu sepinten-pinten derajat. Allah uga Maha Waspada kaliyan menapa-menapa ingkang sampeyan nyambut damelaken”.
Maksudipun : Allah badhe ngalenggahan derajat tiyang ingkang gadhah ilmu ingkang dipunsarengi keimanan datheng Allah. Bilih punika Allah majibaken konjuk madosi ilmu sewayah-wayah lan teng pundi kemawon, kasebat wonten hadist ingkang dipunriwayataken dening Ibnu Majah :
“Tholabul ‘ilmi fariidotun ‘alaa kulli muslimin”
“Madosi ilmu punika wajib kangge saben-saben muslim”



Ingkang rumaos tiyang islam wajib hukumipun kangge madosi ilmu. Kenging punapa wajib?
“Walaa taqfu maa laisa laka bihi ilmu”
“Mboten pareng panjenengan nyambut damelaken menapa-menapa ingkang mboten mangertos ilmunipun“.
Saged dibayangaken dening kanca-kanca, tuladhanipun kita sedaya mboten mangertos ilmu elektronika lajeng kita sedaya mbongkar komputer. Maksudipun manah badhe dandosi menapa ingkang kedadosan? Malah an...curr.
Hadirin lan kanca-kanca sekalian.
Punapa kemawon cita-citautawi kekajengan kita sedaya Insya Allah saged kita capai kaliyan nggadhahi ilmunipun. Tapi tetep dipunsarengi kaliyan nyambut damel teng lebet proses penyinaon kasebat. Khusus kangge kanca-kanca sebaya, mumpung kita sedaya taksih enem taksih imut-imut dereng amit-amit mangga kita sedaya madosi ilmu yaiku sinau uga sinau kajengipun mbenjing mangke saged dados tiyang ingkang berguna dening bangsa, agama, negara, lan tiyang sepuh. Aamiin..
            Cekap sementen atur kawula, mbok bilih wonten kelepatan kawula nyuwun ngapunten. Manuk kepodang wulune kuning, sing digadang-gadang bakal ketemu maning
Wabilahitaufik wal hidayah
Wassalamu’alaikum wr.wb.
Read More ->>

babad darma kradenan, banyumas, jawa tengah




Babad Darmakradenan
Kacarita ing desa Darma kradenan ana akhir perang diponegoro tahun 1830 kang diderekake bangsawan asmane Raden Sudarmo kalian Catrik ingkang mboten ngertos asmanipun. Catrik asale saka daerah Cirebon ingkang arep ngumbara naming tujuane kanggeng larikna awake saka panjajah.Lan ijig-ijig sang Raden tangisa katurune. Raden ngimpi weruh geni sing kobar-kobar neng sawiji ning tempat, naming sang Raden ora ngerti nama tempate, sang Raden banjur cerita marang siCantrik. Sesampune, sang Raden kalian siCantrik sepakat arepgolet tempat mau.
          Perjalanan dilabuhake saka tempat ning ngendi sang Raden ngimpi yaiku Nyai Lumpang. Sesampun mulaih perjalanan ingkang ngeselake, Raden Sudarmo lan siCantrik gutul marang sawijining kedhung/telaga sing hawa neng sekitare kuwe sejuk lan nyegerna. Akhire kedung mau dinamakake kedhung iyom.
          Banjur perjalanane Raden Sudarmo lan siCantrik dilanjutake. Gutule neng sawijining tempat sang Raden ngrasa kesel, akhire Raden kalian siCantrik istirahat lan bermalam ing tempat iku. Lan akhire tempat kuwe mau tekan siki diarani gerumbul kesal.
          Siki wengi wis ganti esuk, perjalanane dilanjutake. Gutule neng sawijining tempat ana sawah ingkang luas, sang raden weruh petani sing lagi nanduri pari. Si Cantrik jelasna marang Raden Sudarmo bahwanane pari kuwi carane di tanceb-tancebna berbanjar lanakhire tempat maudiarani Dukuh Banjar.
          Perjalanan dilanjutake malih.Gutule neng pinggir kali Raden weruh wong ingkang saweg damel gawul, yaiku perang kapiwak sing asale saka anyaman wit jambe. Lan akhire tempat kuwe diarani pegawulan sing artine tempat sing go gawe gawul. Pegawulan kuwe ambada dine dibagi 3 gerumbul  pegawulan kulon, Pegawulan wetan, pegawulan tengah.Perjalan dilanjutake lewat sawijining kali sing dawa lan tengen kiwene ana wit jambe/pinang/pucung. Akhire tempat kuwi diarani gerumbul Cipecang.Gutule neng salah sijining wit wungu Raden ngrasakna kesel akhire istirahat/mondok neng wit kuwi.Lan gutul siki tempat kuwi diarani pondok Wungu.
Perjalanane Raden Sudarmo lan siCantrik dihalang tenaga amargi wara-wiri istirahat. Pas kuwe beliau kalian siCantrik istirahat neng sebuah gardu/pos kamling lan dalam bahasa jawane tempat mau diarani Angkruk. Naming ngetutake perkembangan jaman, pada serangan DI/TII taun 1961 pas warga kudu ngungsi neng Desa Karang Kemojing lan balik maning marang tempat asale. Lan tempat kuwe diarani Sidoarjo, akhire angkruk ana ing desa Darma kradenan diarani gerumbul angkruk.
Saka carita mau dadine diarani Desa Darma kradenan kuwi asale saka tembung Darmo lan Raden (Darmo kuwi saka nama bangsawan sing gawenama-nama tempat ing desa Darma kradenan lan Raden kuwi saka nama Darmo sing dadi raden/bangsawan desa Darma kradenan pas ana serangan DI/TII). Saiki Desa Darma kradenan di bagiana 10 gerumbul/RW cacahe :
1.      RW 01 : PegawulanKulon
2.      RW 02 : Pegawulan Tengah
3.      RW 03 : PegawulanWetan
4.      RW 04 : karangPucung
5.      RW 05 : Cigebang
6.      RW 06 : Kesal
7.      RW 07 : Darma
8.      RW 08 : Cipecang
9.      RW 09 : AngkrukSidoarjo
10.                         RW 10 : Kalibeber




Nama   : FarisEkaPrianto
Kelas    : IX D
No.abs: 12
Tugas   : B. jawa

BabadDarmakradenan
KacaritaingdesaDarmakradenananaakhirperangdiponegorotahun1830  kangdiderekakebangsawanasmaneRadenSudarmo kalian Catrikingkangmbotenngertosasmanipun. Catrikasalesakadaerah Cirebon ingkangarepngumbara naming tujuanekanggenglarikna awake sakapanjajah.Lanijig-ijig sang Radentangisakaturune. Radenngimpiweruhgeni sing kobar-kobarnengsawijiningtempat, naming sang Radenorangertinamatempate, sang RadenbanjurceritamarangsiCantrik. Sesampune, sang Raden kalian siCantriksepakatarepgolettempatmau.
          Perjalanandilabuhakesakatempatningngendi sang RadenngimpiyaikuNyaiLumpang. Sesampunmulaihperjalananingkangngeselake, RadenSudarmolansiCantrikgutulmarangsawijiningkedhung/telaga sing hawanengsekitarekuwesejuklannyegerna. Akhirekedungmaudinamakakekedhungiyom.
          BanjurperjalananeRadenSudarmolansiCantrikdilanjutake. Gutulenengsawijiningtempat sang Radenngrasakesel, akhireRaden kalian siCantrikistirahatlanbermalamingtempatiku. Lanakhiretempatkuwemautekansikidiaranigerumbulkesal.
          Sikiwengiwisgantiesuk, perjalananedilanjutake. Gutulenengsawijiningtempatanasawahingkangluas, sang radenweruhpetanisiinglaginanduripari. Si CantrikjelasnamarangRadenSudarmobahwananemparikuwicarane di tanceb-tancebnaberbanjarlanakhiretempatmaudiaraniDukuhBanjar.
          Perjalanandilanjutakemalih.Gutulenengpinggir kali Radenweruhwongingkangsawegdamelgawul, yaikuperangkapiwak sing asalesakaanyamanwitjambe. Lanakhiretempatkuwediaranipegawulan sing artinetempat sing go gawegawul. Pegawulankuweambadadinedibagi 3 gerumbul :pegawulankulon, Pegawulanwetan, pegawulantengah. Perjalandilanjutakelewatsawijining kali sing dawalantengenkiweneana wit jambe/pinang/pucung. AkhiretempatkuwidiaranigerumbulCipecang.GutulenegsalahsijiningwitwunguRadenngrasaknakeselakhireistirahat/mondoknengwitkuwi.LangutulsikitempatkuwidiaranipondokWungu.
PerjalananeRadenSudarmolansiCantrik di halangtenagaamargiwara-wiriistirahat. Pas kuwebeliau kalian siCantrikistirahatnengsebuahgardu/poskamlinglandalambahasajawanetempatmaudiaraniAngkruk. Naming ngetutakeperkembanganjaman, padaserangan DI/TII taun 1961 pas warga kudu ngungsinengDesaKarangKemojinglanbalikmaningmarangtempatasale. LantempatkuwediaraniSidoarjo, akhireangkrukanaingdesaDarmakradenandiaranigerumbulangkruk.
SakacaritamaudadinediaraniDesaDarmakradenankuwiasalesakatembungDarmolanRaden (Darmokuwisakanamabangsanwan sing gawenama-namatempatingdesaDarmakradenanlanRadenkuwisakanamaDarmo sing dadiraden/bangsawandesaDarmakradenan pas anaserangan DI/TII). Saiki DesaDarmakradenan di bagiana 10 gerumbul/RW cacahe :
1.      RW 01 : PegawulanKulon
2.      RW 02 : Pegawulan Tengah
3.      RW 03 : PegawulanWetan
4.      RW 04 : karangPucung
5.      RW 05 : Cigebang
6.      RW 06 : Kesal
7.      RW 07 : Darma
8.      RW 08 : Cipecang
9.      RW 09 : AngkrukSidoarjo
10.                         RW 10 : Kalibeber





Read More ->>

Total Tayangan Halaman

Diberdayakan oleh Blogger.