Rabu, 28 Januari 2015

cerkak bahasa jawa



NONTON KARNAVAL

Semplo, Semprul, Ciput, Ais, karo Lala kuwe bocah sing wis biasa dolan bareng. Sebut bae kelompok sahabat sing diarani Lima Sekawan.
          Pas dina Setu, lima sekawan pada rempugan arep dolan maring Alun-alun Purwokerto, ndeleng Extravaganza neng dina minggune.
“ Bocah, ngesuk pada dolan Alun-alun Purwokerto yuh ? “ omonge Semplo ngajeki dolan.
“ Ya ayuh !! J “ jawabe bareng-bareng kejaba Ais.
“ Bocah, nyong lagi ora duwe duwit yakin L “ curhate Ais.
“ Masa ora duwe ? njaluk mamane ya kena. “ jawale Lala ngledek.
“ Emong lah, melasi mamane anu lagi ora duwe duwit “ jawabe Ais madan serius.
“ Ya wis lah, Ais tek bayari neng nyong. “ sahute Semplo.
“ Temenan apa Plo ? “ takone Ais gumun.
“ Bise tok. J “ jawabe Semplo.
“ Hahahaha .. “ Semprul, Ciput, Lala ngguyu bareng.
“ Ya wis lah ora papa. L Nyong sangune duwite dewek bae. “ jawabe Ais.
“ Ngesuk kumpule biasa neng nggone Semprul J “ omonge Semplo karo madep maring Semprul.
“ Oke fix. J “ jawabe Semprul, Lala, Ciput, Ais bareng.
         






Dina minggune pada kumpul neng nggone Semprul. Tapi Semprul nggawa pacare sing jenenge Sinur. Sinur ya nggawa sedulure sing jenenge Somplak. Akhire dolan bocah pitu. Sewise kumpul kabeh, pada ngadang bis sing akhire ana bis Aries terus numpak. Bocah pitu kuwe mudun neng Karang Lewas terus numpak Angkutan Kota. Sewise butul Alun-alun, MasyaAllah banget akehe wong sing maring Alun-alun. Sekang bocah cilik, remaja, wong tuwa akeh sing maring Alun-alun. Bocah pitu kuwe pada desek-desekan karo wong akeh banget. Sewise butul tengah Alun-alun, sing butul tembe Semplo, Semprul, Ciput karo Ais.
“ Deneng tembe bocah papat tok ? sing liyane maring ngendi ? “ takone Semplo kaget.
“ Esih neng mburi ndean. Jajal prul golet maning maring mburi ! “ jawabe Ais.
Akhire Semprul balik maning maring mburi nggolet Sinur, Lala, karo Somplak. Sewise wis kumpul kabeh, pada mlaku-mlaku muteri Alun-alun nggoleti jagongan.
“ Ngedap yakin panas-panasan kaya kie. L “ curhate Semplo.
“ Iya yah, mending mau neng nggone nyong bae yah ? J“ jawabe Semprul madan ngledek.
“ Iya yakin, maring alun-alun mbatiri bocah pacaran. J “ ledeke Somplak maring Semprul karo Sinur
“ Aseemm. L “ jawabe Semprul madan kesuh.
“ Hahahaha . J “ pada ngguyu bareng.
“ Nyong kencot yakin bocah. L” curhate Semplo.
“ Nyong tah wis wareg. Wareg ndeleng wong ! J “ omonge Semprul nglawak.
“ Maring Moro bae yuh lah .” usulane Ais.
“ Ya ayuh ! J “ jawabe bareng.


Bocah pitu kuwe pada mlaku maring Moro. Sedurunge butul Moro, ana topeng monyet terus pada ndeleng disit.
“ Sedulure ko kueh Plak ! J “ ledeke Semplo maring Somplak.
“ Aseeemm !! nyong sedulure Somplak . L“ sahute Sinur madan kesindir.
“ Hahahaha.. nyadar deneng. J“ ledeke Semprul maring Sinur.
“ Wis lah, ayuh lanjut maning mlaku maring Moro. “ omonge Ciput.
Akhire pada mlaku maning maring Moro. Pas lagi mlaku, bocaeh pisah maning gari Semplo, Ais, Sinur, karo Somplak.
“ Deneng gari semene tok ? sing liyane pada maring ngendi ? “ takone Semplo panik.
“ Embuh, maring Moro disit ya kena yuh. Mengko toli ketemu barengan maning neng Moro. “ jawabe Sinur.
“ Ya nganah pada maring Moro disit ! nyong tah arep ngenteni . “ jawale Semplo.
Ora let suwe HPne Ais moni, ana telpon sekang Semprul.
Ais              : “Hallo..”
Semprul      : “Hallo.. ko neng ngendi ? nyong wis butul Moro.”
Ais              : “Ya nyong lagi maring ngonoh”
Telpone terus dipateni.
“ Temenan mbok ? “ omonge Sinur.
“ fyuhhh.. “ jawabe Semplo sinis.
Akhire Semplo, Ais, Sinur, karo Somplak pada mlaku maring Moro.
Sewise kumpul bareng maning, langsung pada mlebu maring Moro terus langsung maring lantai papat. Pas butul lantai papat, bocah pitu kuwe mlongo kabeh. Sebabe kebek banget, kabeh meja makan wis ana sing nganggo.

Karo nunggu meja kosong, pada ndeleng menu-menu panganan sing wis ana. Sinur karo Somplak misah maning sekang lima sekawan nggolet panganan.
“ Pada sida maem ora ? “ takone Semplo kencoten.
“ Ya mbuh kueh pada maem ora ? “ jawabe Ais.
Semplo sing lagi kencoten ya kesuh.
“ Sing genah ya ! nek ora sida maem yah ayuh mudun ! “ jawabe Semplo kesuh.
“ Mengko ngenteni Sinur karo Somplak. “ jawale Semprul.
Semplo sing lagi kencoten ketambah kon ngenteni Sinur karo Somplak sing kawit mau ora gelem ngembul dadi tambah kesuh.
“ Ya gari nganah dienteni kae bocah ! nyong mudun disit ! “ jawabe Semplo kesuh.
Akhire Semplo mudun disit maring alun-alun ndeleng Extravaganza. Semplo kuwe kaya bocah ilang ndeleng Extravaganza dewekan. Lagi asik ndeleng Extravaganza, Semprul, Ciput, Ais, karo Lala wis neng mburine Semplo.
“ Sinur karo Somplak ora dienteni sih ? “ takone Semplo sinis.
Pitakone Semplo ora di gubris neng bocah papat kuwe.
Sewise ndeleng Extravaganza, lima sekawan pada bali. Tapi pada ora bali umaeh dewek, tapi pada dolan disit maring nggone Semprul. Neng umaeh Semprul, di tukukna batagor kuah karo disandingi sega anget. Lima sekawan sing lagi pada kencoten ya maem batagor kuah nganti wareg.







Sewise pada wareg, terus pada crita-crita.
“ Deneng Sinur karo Somplak ora dienteni ? “ takone Semplo sinis.
“ Mbuh lah ! ora usah takon kuwe. “ jawabe Semprul kesuh,
“ Kepriwe sih ? “ takone Semplo bingung.
“ Wis dienteni suwe, ngomonge apa ? “ takone Semprul maring Ais, Ciput, Lala.
“ Ko bali disit ya kena, nyong ana sedulure ! “ jawabe Ais, Ciput, Lala bareng.
“ Nggelani mbok ?! “ sahute Semprul.
“ Ya wis lah dingapurani bae J. Aja digawe dendam. Nyong be mau kesuh maring bocah loro kue koh. Tapi ya kepriwe maning lah. Wis tek ngapurani. “ curhate Semplo.
“ Iya lah Sinur karo Somplak tek ngapurani. “ jawabe Semprul, Ais, Ciput, Lala bareng.
“ Ya sip J “ jawabe Semplo.
Sewise crita-crita terus pada bali maring umaeh dewek-dewek.


0 komentar:

Posting Komentar

Total Tayangan Halaman

Diberdayakan oleh Blogger.