Assalamu’alaikum
wr.wb.
Bapak/ibu guru dewan juri ingkang kawula
hormati.
Lan kanca-kanca ingkang kawula tresnani
Kaping
setunggal mangga kita sareng-sareng manjataken puji syukur dumateng Gusti Allah
SWT. Ingkang sampun maringi kenikmatan lan kesehatan sehingga kita saged kempal
ing wekdal punika. Sholawat soho salam mugi-mugi konjuk dumateng junjungan kita
Nabi Agung Muhammad SAW. ingkang sampun mbekto kita saking jaman jahiliyah
datheng jaman ingkang terang benderang punika.
Teng mriki kawula badhe ngaturaken
kultum ingkang judul keutamaan sinau utawi keutamaan mencari ilmu.
Sairing mlampahipun wanci, dinten
nggantos minggu, wulan nggantos taun. Perkembangan menungsa kathah ngalami
ewah-ewahan ingkang dipun dukung kalian kemajengan seserepan uga teknologi
ingkang mutakhir sanget. Menungsa gampil sanget saget ngebaki uga mujudaken
supenanipun kaliyan ngginakaken kemajengan ilmu pengetahuan.
Kanca-kanca sedaya ingkang di rahmati
allah..
Sampun kita mangertosi billih wonten
agami islam ilmu punika sanget migunakaken kados kasebat ing lebet Al-Qur’an Al-Mujadalah ayat 11:
“Bismillahirrahmanir rahiim. Yarfa’illaahul ladziina aamanuu mingkum walladziina uutul ‘ilma darojaat. Wallohu bimaa ta’maluuna khobiir”
“Bismillahirrahmanir rahiim. Yarfa’illaahul ladziina aamanuu mingkum walladziina uutul ‘ilma darojaat. Wallohu bimaa ta’maluuna khobiir”
“Gusti Allah badhe
ngalenggahan tiyang-tiyang ingkang ngapitadosan saking siro uga tiyang ingkang
dipunsukani ilmu sepinten-pinten derajat. Allah uga Maha Waspada kaliyan
menapa-menapa ingkang sampeyan nyambut damelaken”.
Maksudipun : Allah badhe ngalenggahan
derajat tiyang ingkang gadhah ilmu ingkang dipunsarengi keimanan datheng Allah.
Bilih punika Allah majibaken konjuk madosi ilmu sewayah-wayah lan teng pundi
kemawon, kasebat wonten hadist ingkang dipunriwayataken dening Ibnu Majah :
“Tholabul ‘ilmi
fariidotun ‘alaa kulli muslimin”
“Madosi ilmu punika wajib kangge saben-saben muslim”
“Madosi ilmu punika wajib kangge saben-saben muslim”
Ingkang rumaos tiyang islam wajib
hukumipun kangge madosi ilmu. Kenging punapa wajib?
“Walaa taqfu maa laisa
laka bihi ilmu”
“Mboten pareng panjenengan nyambut damelaken menapa-menapa ingkang mboten mangertos ilmunipun“.
“Mboten pareng panjenengan nyambut damelaken menapa-menapa ingkang mboten mangertos ilmunipun“.
Saged
dibayangaken dening kanca-kanca, tuladhanipun kita sedaya mboten mangertos ilmu
elektronika lajeng kita sedaya mbongkar komputer. Maksudipun manah badhe
dandosi menapa ingkang kedadosan? Malah an...curr.
Hadirin
lan kanca-kanca sekalian.
Punapa
kemawon cita-citautawi kekajengan kita sedaya Insya Allah saged kita capai
kaliyan nggadhahi ilmunipun. Tapi tetep dipunsarengi kaliyan nyambut damel teng
lebet proses penyinaon kasebat. Khusus kangge kanca-kanca sebaya, mumpung kita
sedaya taksih enem taksih imut-imut dereng amit-amit mangga kita sedaya madosi
ilmu yaiku sinau uga sinau kajengipun mbenjing mangke saged dados tiyang
ingkang berguna dening bangsa, agama, negara, lan tiyang sepuh. Aamiin..
Cekap sementen atur kawula, mbok
bilih wonten kelepatan kawula nyuwun ngapunten. Manuk kepodang wulune kuning,
sing digadang-gadang bakal ketemu maning
Wabilahitaufik
wal hidayah
0 komentar:
Posting Komentar