Kamis, 29 Januari 2015

babad cibangkong, banyumas, jawa tengah




BABAD CIBANGKONG

            Miturut cerita wong jaman mbiyen, ana wong lanang enom sing wis ngerti agama asale sekang Negeri Pasundan. Dheweke seneng maring gadis sing jebule anak wong garong utawa maling. Ning wis pada seneng lan cinta dheweke terus nikah lan dadi pasangan utawa suami istri. Sawise mbojo, dheweke manggon neng umahe wong tuwane sing wadon utawa neng umahe mertuane, sing saben dinan pegaweane dadi maling. Mertuane dikenal dadi garong sing paling licik lan sekti mandraguna. Nanging, sawijining dina dheweke diusir dening mertuane supaya lunga sekang umahe. Sebab pasangan suami istri kuwe ora gelem mangan panganan sekang mertuane sing hasil maling utawa garong.
            Dheweke lunga sekang Negeri Pasundan, mlaku langka tujuan. Wong lanang enom kuwe karo bojone nggembara, nglewati, lan nlusuri alas roban. Akhire wong lanang  kuwe dikenal karo sebutan Mbah Surawana, asale sekang tembung nglangsur ing wana sing tegese nggembara, nglewati, lan nlusuri alas roban. Udan panas dilewati nang perjalanan. Sebab wis ngrasa kesel, akhire dheweke mutusna, utawa ngundur kanggo liren neng ngisor wit sing teduh lan rindang. Nah wit kuwe sing akhire diarani wit duren, asale duren kuwe sekang tembung ngundur lan liren. Neng sekitar panggonan kuwe uga dheweke mutusna manggon lan mbabad alas kanggo mbangun panggonan kanggo dheweke urip.
            Sawise sue diusir lan ninggalna keluargane neng Pasundan, jebule Surawana lan bojone digoleti dening keluarga lan sedulur-sedulure sing neng Pasundan. Kabeh keluarga lan sedulur akhire nggoleti Surawana lan bojone meng arah wetan. Dheweke butul meng daerah Surawana karo bojone manggon. Pas lagi neng perjalanan, keluarga lan sedulure Surawana nglewati kali. Salah siji wong sekang keluargane ana sing weruh kewan akeh neng jero kali lan salah sijine kuwe gede banget nanging wong kuwe ora ngerti kewan apa sing neng kono, akhire wong kuwe takon “Eta naon di cai ?” sing tegese “Apa sih kuwe sing neng njero banyu ?”. Wong liyane sing ngerti njawab ”Eta bangkong” tegese “kuwe bangkong”. Nah sekang tembung cai = ci lan bangkong kuwe, akhire panggonan Surawana lan bojone manggon diarani CIBANGKONG.
            Ora let sue, akhire keluarga karo sedulure Surawana lan bojone ketemu Surawana lan bojone neng panggonan kuwe. Jebule bojone Surawana urung sue lairan, bayi sing kepisane. Sedulure Surawana nggawakna uthuk utawa anak ayam dadi oleh-oleh kanggo bayine. Terus ayam kuwe dikurung neng njero gondek (keranjang ayam). Konon, sekang kurungan ayam kuwe, anak kepisane Surawana diarani Gandek. Kawit siki esih dipercaya kuburane Mbah Gandek  panggonane esih ana neng daerah Pekuburan Munthuk (salah siji kuburan sing ana neng Cibangkong sebelah wetan sing esih ana, daerahe jenenge Gaplor). Surawana duwe anak papat. Anak kelorone dijenengi Padar. Dibanding Gandek, konon Padar lewih nakal lan bandel. Nek anak ketelune dijenengi Melir, sebab dheweke duwe kebiasaan tangi turu awan (wis awan nembe nglilir). Lan loro anak Surawana sing liyane dijenengi Kerticelili lan Pratin. Pratin yaiku salah siji anak sing seneng nglakukna tingkah laku prihatin lan tirakat, nanging kewalikane Kerticelili dikenal dadi garong sing sekti mandraguna. Ilmu sektine kuwe dheweke nyinauni sekang kakine sing uga dadi garong sekti. Dicritakna pernah sawijining dina, Kerticelili maling siji kebo duweke wong Ciberung. Kebo kuwe duwe tanduk sing madep nduwur, kaya tanduk kebo umume. Nanging berkat kesektiane Kerticelili, aneh bin ajaib tanduk kebo kuwe dadi kewalik madep ngisor kaya tanduk wedhus gibas. Dadi angger kebo kuwe dipriksa dening sing duwe, sing duwe ora balakan bisa ngenali kebo jukutane Kerticelili kuwe.
            Kawit sekiye, kuburan Mbah Pratin lan Mbah Padar esih ana. Keloro kuburan kuwe jejeran. Nanging kuburan Mbah Kerticelili ana neng pinggir gili, tepate pojok kulon ngidul pemakaman Cibangkong sebelah wetan yaiku arah dukuh Gandusari. Kuburan Mbah Pratin kuwe kawit sekiye esih sering ditekani masyarakat kanggo ziarah neng wulan Syawal. Sekang kuwelah, pekuburan utawa pemakaman neng Cibangkong esih dianggep ampuh, nganti-nganti kabehan macem wit sing woeh neng kono misale kelapa, pisang, pucung, lan liyane ora pernah dijukut dening warga sekitar apa maning dinggo dipangan lan didol. 
            Kanggo pengemut-emut jeneng Cibangkong, neng pertelon Cibangkong dipajang patung bangkong sing madan gede.

# Sumber : sekang internet lan cerita wong sing terpercaya

0 komentar:

Posting Komentar

Total Tayangan Halaman

Diberdayakan oleh Blogger.