Rabu, 28 Januari 2015

babad kalikidang, desa kalisari, cilongok, banyumas, jawa tengah



BABAD KALIKIDANG
                Neng jaman ganu, ana desa sing urung ana jenenge. Neng desa kue wonge nembe sethithik. Masyarakate pada urung ngerti sega, urung ngerti panganan sing kena nggo lawuh. Mergane masyarakate pada berburu kewan nggo panganan sedina-dina.
            Neng sawijining dina, ana keluarga sing lagi kencoten merga bapane wis sue ora berburu kewan. Bapane melas weruh keluargane pada kencoten, mulane bapane lunga berburu kewan. Bapane banjur lunga berburu kewan nggo keluargane.
Bapane nggoleti kewan ngalor ngidul ngetan ngulon ora nemu kewan bae. Lagi muter-muter nggoleti kewan, bapane weruh kidang sing lemu lagi mangan suket. “yess nemu kidang lemu banget kaeh, kena nggo rong wulan kie tah” ngomonge bapane neng ati. Bapane banjur nguber terus dipanah. Tapi kidange mlayu disit dadi panaeh ora kena.
Kidange mlayu banter banget nganti bapane kue ora ngerti kidange mlayu maring ngendi. Lagi bingung nggoleti kidang, bapane ketemu karo wong sing lagi raup neng kali cilik.  Terus bapane banjur takon, “punten pak, sampeyan weruh kidang mlayu maring ngeneh?” wong sing lagi raup njawab, “lampeyan pak nyong nembe raup kieh.” “ya wis suwun ya.” Jawabe bapane. Mulane kali cilik kue dijenengi kali lampeyan, lampeyan kue artine ora ngerti.
Akhire bapane mlaku ngetan nggoleti kidang sing lemu. “ngungun banget yakin kidang lemu banget koh.” Bapane madan gela. Lagi mlaku maring ngetan, bapane weruh kidang sing mau lagi nginum neng kali cilik. Mbarang ngerti lagi diuber bapane, kidang kue langsung mlayu ngiplik neng pinggir kali maring ngulon. Mulane kali cilik kue dijenengi kali iplik, sebabe kidang kue mlayu ngiplik neng pinggir kali maring ngulon.
Bapane weruh kidange mlayu ngulon, bapane banjur nguber. “kie tah ora olih ucul maning, kudu olih.” Omongi bapane karo mlayu. Lagi diuber-uber neng bapane, kidang kue njigrangi kali sing amba banget. Tapi pas kidang kue butul neng pinggir kali, kena neng panaeh bapane terus mati. Bapane gumun karo kaget ana kidang sing bisa njigrangi kali amba banget. Mulane kali kue dijenengi kali kidang. Kali kue kali paling gede sing ngliwati desa sing urung ana jenenge kue. Mulane desa kue di jenengi kaya kali sing ngliwati yaiku “KALI KIDANG”

1 komentar:

Total Tayangan Halaman

Diberdayakan oleh Blogger.