BABAD KALIKIDANG
Neng
jaman ganu, ana desa sing urung ana jenenge. Neng desa kue wonge nembe
sethithik. Masyarakate pada urung ngerti sega, urung ngerti panganan sing kena
nggo lawuh. Mergane masyarakate pada berburu kewan nggo panganan sedina-dina.
Neng sawijining dina, ana keluarga sing lagi kencoten
merga bapane wis sue ora berburu kewan. Bapane melas weruh keluargane pada
kencoten, mulane bapane lunga berburu kewan. Bapane banjur lunga berburu kewan
nggo keluargane.
Bapane
nggoleti kewan ngalor ngidul ngetan ngulon ora nemu kewan bae. Lagi muter-muter
nggoleti kewan, bapane weruh kidang sing lemu lagi mangan suket. “yess nemu
kidang lemu banget kaeh, kena nggo rong wulan kie tah” ngomonge bapane neng
ati. Bapane banjur nguber terus dipanah. Tapi kidange mlayu disit dadi panaeh
ora kena.
Kidange
mlayu banter banget nganti bapane kue ora ngerti kidange mlayu maring ngendi.
Lagi bingung nggoleti kidang, bapane ketemu karo wong sing lagi raup neng kali
cilik. Terus bapane banjur takon,
“punten pak, sampeyan weruh kidang mlayu maring ngeneh?” wong sing lagi raup
njawab, “lampeyan pak nyong nembe raup kieh.” “ya wis suwun ya.” Jawabe bapane.
Mulane kali cilik kue dijenengi kali lampeyan, lampeyan kue artine
ora ngerti.
Akhire
bapane mlaku ngetan nggoleti kidang sing lemu. “ngungun banget yakin kidang
lemu banget koh.” Bapane madan gela. Lagi mlaku maring ngetan, bapane weruh
kidang sing mau lagi nginum neng kali cilik. Mbarang ngerti lagi diuber bapane,
kidang kue langsung mlayu ngiplik neng pinggir kali maring ngulon. Mulane kali
cilik kue dijenengi kali iplik, sebabe kidang kue mlayu ngiplik neng pinggir kali
maring ngulon.
Bapane
weruh kidange mlayu ngulon, bapane banjur nguber. “kie tah ora olih ucul
maning, kudu olih.” Omongi bapane karo mlayu. Lagi diuber-uber neng bapane,
kidang kue njigrangi kali sing amba banget. Tapi pas kidang kue butul neng
pinggir kali, kena neng panaeh bapane terus mati. Bapane gumun karo kaget ana
kidang sing bisa njigrangi kali amba banget. Mulane kali kue dijenengi kali kidang.
Kali kue kali paling gede sing ngliwati desa sing urung ana jenenge kue. Mulane
desa kue di jenengi kaya kali sing ngliwati yaiku “KALI KIDANG”
mantabbbbbb (y).....
BalasHapus