Kamis, 29 Januari 2015

babad lesamana, ajibarang, banyumas, jawa tengah




Babad Lesmana

            Desa Lesmana iku desa ingkang panggenane ing wilayah kecamatan Ajibarang, Kabupaten Banyumas. Ing jaman ganu Desa Lesmana dijenengi Desa Kelapa Dompyok amargi ing desa kuwi akeh banget wit kelapa.
            Nanging Kepriwe jeneng Desa Kelapa Dompyok diganti jenenge dadi Desa Lesmana? Kaya kiye ceritane.
            Jaman ganu kerajaan Mataram diprentah dening Sunan Amangkurat I. Sunan Amangkurat I duwe putra jenenge Pangeran Tejaningrat utawa Adipati Anom.
            Sunan seneng banget amargi duwe putra lanang kang gagah lan pinter. Kanggo jaga awak Adipati Anom dikengken dening Adipati Amungkurat kon latian ilmu silat kaliyan kasektian. Sunan seneng banget ndeleng perkembangane Adipati Anom. Nanging Sunan Amangkurat I sedih amargi Adipati Anom urung duwe garwa. Banjur Sunan Amangkurat I ngengken Adipati Anom supados nggolet garwa.
            Kanggo nyenengake panggalihe Sunan, Adipati Anom lunga saking istana kanggo nggolet garwa. Amargi Raden Anom lunga urung olih garwa, Raden Anom mutusna kanggo bali.
            Nalika lagi bali, Adipati Anom singgah ing Kepatihan, daleme mbah kakungipun. Kebeneran, neng kono ana putri Madiun ingkang lagi sinau tata krama, jenenge Larah Huyi.
            Ing sawijining dina Adipati Anom ketemu kaliyan Putri Larah Huyi. Amarga Putri Larah Huyi iku ayu rupane, Adipati Anom banjur seneng marang Putri Larah Huyi lan nyritakna isi atine marang Mbah kakungipun.
            Nanging jebulane Putri Larah Huyi iku calon selire Sunan Amangkurat I. Amarga Sunan Amangkurat I wis duwe selir akeh, dados Mbah Kakung ngaweh ijin ndadikna Putri Larah Huyi dadi garwane Adipti Anom.
            Sawise Mbah Kakung ngenalaken Putri Lrah Huyi marang Adpati Anom. Mbah Kakung banjur aweh ngerti marang Sunan Amangkurat I. Sawise Sunan Amangkurat I ngerti, Sunan kesuh banjur ngongkon utusane kon nyeluk Adipati Anom



            Adipati Anom bali ngadep romone lan ngomong yen Adpati Anom wis duwe calon garwa. Nalika kuwe, Adipati Anom ora ngerti yen Sunan Amangkurat I lagi kesuh. Sunan Amangkurat I ingkang lagi kesuh mrentah Adipati Anom kon nyedani Putri Larah Huyi. Amarga Adipati Anom manut banget karo omongane Sunan Amangkurat I, Raden Anom banjur nyedani Putri Larah Hayu.
            Sunan Amangkurat kang ngerti yen Adipati Anom temenan nyedani Putri Larah Huyi banjur kesuh banget lan langsung ngurak Adipati Anom sekang istana. Adipati kang lunga sekang Mataram ora ngerti tujuan, neng dalan ketemu karo wong Madura sing jenenge Trunajaya.
            Sawise Adiapati Anom karo Trunajaya akrab, Adipati Anom banjur mbujuk Trunajaya kon nyerang Mataram. Trunajaya kang dibujuk gelem melu kekarepane Adipati Anom.
            Adipati Anom lan Trunajaya nyusun rencana perang. Sawise rencana kuwe mantep, Adipati Anom lan Trunajaya banjur nyerng Mataram.. Gara – gara serangan dadakan mau, Mataram kocar – kacir.
            Kanggo keslametan awake dhewek lan rakyate, Sunan Amangkurat I kaliyan rakyate sing esih urip lunga sekang Mataram.
            Neng dalan, sunan Amnangkurat I ketemu karo Adipati Anom. Sunan Amangkurat I kepengin yen Raden Anom bali marang Mataram, Amarga Mataram diserang dening pasukan Tunajaya. Sederunge, Sunan Amangkurat I ora ngerti yen perang mau kekarepane Adipati Anom. Adipati Anom kang teguh karo pendiriane, ora gelem bali marang Mataram.
            Sunan Amangkurat I, Adipati Anom kaliyan pengikute lunga sekang Mataram lan mlaku marang arah kulon nganti butul wilayah Ajibarang. Neng daerah kuwe Sunan Amangkurat I kepengin ngunjuk tapi langka banyu. Banjur Sunan Amngkurat I menclas wit wringin. Sekang wit kuwe metu banyu, banjur banyu kuwe diunjuk dening Sunan Amangkurat I. Sunan Amangkurat I banjur aweh jeneng desa kuwe Pancasan.
            Sunan Amangkurat I kaliyan pengikute mlaku ngliwati alas marang arah wetan. Neng pinggir alas, Sunan Amangkurat I keemu putri – putri lagi adus neng pancuran. Salah siji putri kuwe jenenge Endang. Banjur Sunan Amangkurat I jeneng desa iku Pancurendang. Asalae saka tembung pancuran lan Endang.
            Sunan Amangkurat I ngelanjutna perjalanane ngasi butul desa Kelapa Dompyok. Ing desa kuwe, Sunan kepengin ngunjuk. Adipati Anom kang ngerti yen romone kepengin ngunjuk, banjur nggolet kelapa nom. Sedurunge kelapa kuwe di wenehna Sunan Amngkurat I, Adipati Anom wis nyampuri banyu kelapa kuwe karo racun.Sawise Sunan Amangkura I ngunjuk banu kuwe, salirane Sunan Amangkurat I dadi lesu lan akhire seda. Akhire desa Kelapa Dompyok diganti jenenge dadi desa LESMANA.
( Sumber : Buku Cerita rakyat dari Banyumas )

0 komentar:

Posting Komentar

Total Tayangan Halaman

Diberdayakan oleh Blogger.